Thursday, March 6, 2014

Geguritan Lelakone Druna

<Lelakone Druna>



Druna saiki nyambi mulang ing kendhalisada

Bot bote menehi kalodhangan resi krepa

Nggayuh wahyu patlikur jaman

Saka kadhewatan

Edan tenan

Gendhon sekuthon

Ing antarane para begawan

Wis dadi crita anyar ing jagad pakeliran

Mburu jatining kekucah gebyar ing kadonyan

Nyingkur werdining ilmu sangkan paran

Para siswa mung dijarake pandeng

Pandengan ora ngreti abang

Ijone kahanan



Druna saiki nyambi mulang ing kendhalisada

Saben kesuk nganggo jubah putih kain sutra

Lambene ndremimil ajar ngeja

Ha na ca ra ka

Geguritan Indonesiaku

< Indonesiaku >

Jamrud khatulistiwa julukanku

Rowa... samudra raya tanpa winates

Wiwit sabang tumeka merauke

Tharik-tharik pulo-pulone... endah ing netra

Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati

Sugih mblegedhu tumeka saiki

Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip

Iku mung ana ing impen

Impen kang sarwa endah tan bisa dadi kasunyatan

Saiki sing ana mung lebu lan lendhut

Cinepeng anane pepenginan mulyakake awakira

Ora preduli miring rakyat kesraket

Ora preduli miring tatanan kautaman

Ora preduli miring uripe liyan

Sing ana mung urip mulya

Mulya sadhuwure lara lapane papa sudra

Najan mangkono iki negeriku

Negeri kelairanku

Negeri nganti tumeka patiku

Negeri nenek moyangku

Negerikang dakdama-dama

Ing manah lan saben lakuku

Indonesiaku...


Wednesday, March 5, 2014

Geguritan Lamun Sira

< Lamun sira >



Lamun sira dumadi putra

Kedah sira nduweni patrap kang utama

Kedah sira bisa ngabekti marang wong tuwa

Kedah bisa mikul dhuwur mendhem jero

Kedah njaga dhiri pribadi, rama lan biyung

Lamun sira dumadi murid

Sira kedah nduweni laku becik

Satuhu anggone padha sinau

Tememen anggone golek ilmu

Kurmat marang bapa saha ibu guru


Geguritan Idul Fitri

< Idul fitri >



Sang bagaskara sumunar semburat rekta

Riyadi fitri mesem ngujiwat

Idul fitri ing mangsa adhem atis

Sumringah bungah kabeh titah

Udan tangis lan pangapura pasrah

Manungsa nglenggana dosa lan salah

Antuk rahmating Allah

Ramadhan ngemuli ati sawulan natas

Nandur becik, soleh, lan iklas

Ing wardaya padha ndonga Gusti paring nugraha

Geguritan Mustikaning Ati

< Mustikaning Ati >



Anak catur gilir

Wedok...lanang...wedok...lanang

Wiwit cilik digegadhang

Aja nganti gawe wirang

          Pambarep mijil pawestri

          Tregal tregel merak ati

          Candrane kaya srikandhi

          Cukat trengginas dhasar wani

Panggulu metu si jalu

Kaduk cucut sarwa lucu

Ngumbar esem murah guyu

Nyenengake ing pandulu

         Angka tiga si pandhadha

         Jinem anteng anoraga

         Arang kadhing ngumbar swara

        Cinandra kaya sembadra

Si waruju kang pamburi

Sabar drana lamba ati

Ora duwe balung eri

Sumrambah maring sasami

          Pangajape wong atuwa

          Dadia satriya tama

          Piguna mring nuswa bangsa

         Anak anung anindhita

Kabeh mustikaning ati

Wus wanci bela nagari

Kinanthen sesanti aji :

Suradira Jayaningrat, Lebur Dening Pangestuti

Geguritan Ndonya

< Ndonya >


Segara

Kang katon mung ombak

Saka dolanane angin

Pandulu mung kerep kapusan

Marang satemene kanyatan



Cakrawala kang katon

Kaya wates langit lan segara

Mung pangangen-angen

Kang kerep nuwuhake sengsem

Sauntara ati ayem

Cuwa katungka

Nanging bisa njedhul

Malih prahara



Ndonya

Mung kaya unthuk-unthuk sabun

Kala-kala endah maneka werna

Kena sunar bagaskara

Geguritan

< Titip jeneng >


Wengi iki kudu wengi pungkasan

Aku nyelepake jeneng

Ana sela-selaning rasamu



Pustaka suci wis kok minepake

Ing lathimu keprungu kidung pamuji

Ya ing kana dak suwun wengakna kori atimu

Kanggo ngeja jenengku

Nalika titi wanci nggrayang pesthi



Sesuk pancen isih ana dina

Nanging mbok menawa wis dudu dinaku

Mula mumpung elingku durung kaling-kalingan

Embanen pasrahku

Nalika kumandhanging gendhing isih gancar

Senajan lintang panggah mubyar

Nanging ora bakal tutug aweh sunar



Aku wis ora kuwawa maneh

Nyawisake banyu bening

Kanggo mutihake getih

Banjur sapa maneh yen ora sliramu

Kang bakal nyebut jenengku

Nalika aku ngambah sonya ruri

Geguritan



< Kanggo sliramu >



Apa sliranmu ngerti...

Grimis kuwi ngaling-alingi

Panyawang lan pangarep-arepku

Pasuryan sing sajak rangu



Apa sliramu ngerti...

Nalika awakmu jumedhul

Pamikirku kudu ngalor ngidul

Sliramu meneng ora suwala

Tanpa daya, dak anthuki sunaring netra



Apa sliramu ngerti...

Telung lembar layangku

Mider miber kanggo sliramu

Banget anggonku ngantu

Tan ana piwalesmu



Tulungana awakku...

Gawekna taman jroning kalbumu

Taman kepercayan

Taman sih katresnan

Tuesday, March 4, 2014

geguritan


<Nopember Abang Mbaranang>



Genimu isih murub ing dhadhaku

Panas makantar kaya nalika bumi surabaya kobar

Ngobong dhadhane arek-arek surabaya

Kang manjer kumlebete panji-panji gula klapa

Jangkahmu anteb tumuju palagan

Sangu kapitayan lan landhepe pucuk-pucuk granggang-granggang

Tanpa pamrih, tanpa ana kang dipurih

Kajaba mardika utawa mati

Tekad sayekti nedya lebur tanpa dadi

Kanggo banten kuncarane Ibu pertiwi



Nopember abang mbaranang

Genimu iseh murub ing dhadhaku

Rikala tangis pangrintih isih wae keprungu

Sanajan kamardikan wis tumapak luwih wolung windu

Ati-ati srakah isih tansah njarah rayah

Ajining kamanungsan mung kaya sangkrah ing pawuhan

Jejege keadilan isih wujud janji-janji pepaesing lathi

Lan saben tak pandeng gilir gumanthing wektu

Ana pitakon pangantu antu

Kapan wong cilik bisa gemuyu?


Monday, March 3, 2014

geguritan



< Saupama Aku Gayus Tambunan >




Gampang luru dhuwit kanthi ngapusi lan korupsi

Bebas angrusak pranatan angger-anggering nagara,

Yasa sarta kanggo nyogok punggawaning praja,

Bisa ucul metu kunjura jumujug papan wisata

Sesinglon nama salin busana amalih rupa

              Tetameng aparat luru dalan kanggo oncat

              Anuruti laku angumber hawa napsu,

              Mangan turu plesir macau nggelar kertu

              Bojo lan anak kala-kala diajak melu

              Ukuman kunjara sinambi cuti saka makarya

              Nora maelu panandhange bangsa lan kuwala

              Adigang, adigung, adiguna, mring sasama

              Numpuk bandha donya akherat pengine mulya.

Geguritan


< Nalikane Wis Tuwa Pikun >




Kulit kisut pating jengkerut

Panyawang bruwet pangrungu budheg

Untu ompong mripat cowong

Rambut dadi uwan mabluk pindha kapuk

Ora pisah teken merga buyutan

Wedi banyu, enake mung mangan turu

Akeh ngendika seneng nacat kurang panarima

Ning iki mau kanggo wong kabeh, titenana

Ing mbesuke kita kabeh bakal anyalira

geguritan



< LALI >

marang gedibal

nganti saiki

aku isih kepengin ngerti

aku isih ana panyana

kang wigati?

           tumrap sandhal wae

           dadi satru bebuyutane

           apa maneh sepatu

           babar pisan ora kesdu

           bakal dikerok

           dicukriki diresiki

           ngisin-ngisini

cacing ing lemah

ngegeguyu cekikikan

eman lagi dilali-lali

dening manungsa

asal mula buka