Tuesday, March 4, 2014

geguritan


<Nopember Abang Mbaranang>



Genimu isih murub ing dhadhaku

Panas makantar kaya nalika bumi surabaya kobar

Ngobong dhadhane arek-arek surabaya

Kang manjer kumlebete panji-panji gula klapa

Jangkahmu anteb tumuju palagan

Sangu kapitayan lan landhepe pucuk-pucuk granggang-granggang

Tanpa pamrih, tanpa ana kang dipurih

Kajaba mardika utawa mati

Tekad sayekti nedya lebur tanpa dadi

Kanggo banten kuncarane Ibu pertiwi



Nopember abang mbaranang

Genimu iseh murub ing dhadhaku

Rikala tangis pangrintih isih wae keprungu

Sanajan kamardikan wis tumapak luwih wolung windu

Ati-ati srakah isih tansah njarah rayah

Ajining kamanungsan mung kaya sangkrah ing pawuhan

Jejege keadilan isih wujud janji-janji pepaesing lathi

Lan saben tak pandeng gilir gumanthing wektu

Ana pitakon pangantu antu

Kapan wong cilik bisa gemuyu?


No comments:

Post a Comment